Thursday, 13 June 2019

Sepeda (Fiets) di Belanda

Oleh: Mukh Imron Ali Mahmudi

Pit model ngene iki ngelengke aku karo ceritone Pae. Ngendikone Pae, tuku pit sakwise disunat iku dadi koyok ritual wong-wong mbien seng kudu dilakoni kanggo iming-iming wong sunat. Mergane, sunat mbien ki bedo yen dibandingke wong sunat saiki. Bedone opo? Yen sunat mbien, saiki wes mari. Yen sunate saiki, yo iki sek kroso to yo.

Jarene sih wong sunat mbien iku mangane opak usek, tahu tempe godok ra entok macem-macem. Yen ra ngono jarene sih aboh, njuk perih. La bocah saiki malah mangan sak karepe dewe, ono seblak, ono olos, tahu aci, megono, soto, bakso, daging, pangan kabeh. Malah koyo wong ngidam, pirang-pirang kudu dituruti. Mbokne seng repot.
Tapi ngene gais, mbalik neng Pit. Pit mau ki koyo dene hadiahe Bapak kanggo Anake. Semono ugo karo Pae, mbien yo ditumbaske Pit Unto karo Simbah. Pit mau banjur dadi banget pentinge kanggo Pae soale jaman semono ora akeh seng iso nduweni Pit. Pit mau ditumpaki moro neng ndi wae panggonan sak kemenge sikil. Mboh moro sekolah, madrosah, ngaji, ngaret, macem-macem pokoke numpak pit. Malah koncone Pae ono seng moro Pulo Bali numpak Pit. Edan pora kwi!

Pit Unto mau yo ora didol sampe Pae nikah. Malah nyampe aku lahir yo sek menangi kok. Ngerti-ngerti malah dikekne tonggoku. Saiki aku wes ra tau weruh Pit kui.

Ing jaman seng jare wong-wong barat kono jaman disrupsi, Pit iki mung dienggo karo bongso tukang tani, tukang matun, tukang angon kebo, sapi, wedus, lan rojo koyo liyane. Oh iyo, tukang ngingu truwelu, yen wong tuo, yo ngarite numpak Pit Unto. Pokoke mung generasi jaman-ora-enak seng iseh nganggo pit-pit model ngene iki neng ndesoku. Model liyane yo Pit Jengki, seng sadele atos tur njengat, marakke bokonge tepos lan panas.

Aku dewe sakwise sunat tukune pit Polygon seng ono kranjange. Jaman semono iseh usum wong-wong nduweni Polygon, apik ono lampune, sadele iso dimunggahmudunke, ono gigine dadi penak nggo banter utowo lindikan. Trus aku yo tuku skotlet, tak hias-hias, kei spion, macem-macem ben tonggone iri.

Tapi jaman SMA, wes ora akeh seng nganggo Pit. Opo maneh cah lanang, do ndue kleb motor. Dadi pantes yen do mbolos. Lah aku dewe malah rugi yen mbolos, wes kesel numpak pit adoh-adoh seko omah, malah ra melu pelajaran. Kan pekok. Yen tak eleng-eleng, sak sekolahan ki kiro-kiro mung wong 4 lanange seng nganggo Pit, liyane motor kabeh, ugo ono seng numpak angkudes utowo bis. Mboh saiki sek usum po ora bocah sekolah numpak Pit.

Lah iki seng aku heran, wong-wong Londo ki yen kuliah malah do numpak Pit Unto. Ngono ki yo pit e elek-elek san. Palek e nieng, rantene garing, renteng koyok meh tugel, kadang-kadang rem e blong. Tapi seng unik, gemboke ki apik-apik, koyo-koyo lueh larang tinimbang pit e. Mergane akeh wong maling Pit. Jan guris tenan seng dimaling Pit! Tapi mayan sih, regone kisaran 50 sampe ono seng saknduwure 100 yuro. Mangkane delok wae iku neng gambar, Pit e digembok nganggo rante digubet-gubetke neng parkiran, kadang-kadang rantene lueh gedi tinimbang rante asu.

Related Posts:

  • Satu MejaHai, mau cerita dikit nih. Malem jumat (4/6) adalah hari pertamaku kerja pake otak. Kalau biasanya sih kerjaan gue ya ngerjain orang, dan itu gak butuh banyak otak. Tapi kerjaan gue kali ini pake otak dikit. Awalnya gue di in… Read More
  • Mbak Bule dan Warteg~Malam yang lapar itu aku duduk di warung tegal (warteg) Bu Dewi depan kampus MIPA Unnes. Tidak lama, seorang pelayan kecil segera menyuguhiku makanan yang sudah aku tunjuk dari luar kaca tempat menyimpan lauk pauk; nasi, keri… Read More
  • Ban Hoax! (Eng)~ Ketika saya mengetik kata hoax di google, muncul di urutan teratas yaitu arti kata dalam bahasa inggris: a humorous or malicious deception (n) yang berarti sebuah penipuan lucu atau jahat. Tidak ada pengertian atau tautan be… Read More
  • Menawar Kwaci dengan Bahasa Inggris~Siang tadi (30/7/'16) saya sholat di Masjid Agung Jawa Tengah (MAJT). Usai sholat, saya melihat banyak orang melihat keindahan ukiran dan beberapa pameran yang ada di MAJT. Saya tertarik mendekati Bedug. Disana ada seorang y… Read More
  • Sepeda (Fiets) di BelandaOleh: Mukh Imron Ali Mahmudi Pit model ngene iki ngelengke aku karo ceritone Pae. Ngendikone Pae, tuku pit sakwise disunat iku dadi koyok ritual wong-wong mbien seng kudu dilakoni kanggo iming-iming wong sunat. Mergane, suna… Read More

1 comment: